Re : New Member
Salam Mancing,
Poro Sederek Sekalian, Nepangangaken kulo anang utawi gendut. Kulo koq nembe niki nggih pirso nek ternyata kathah tiyang jogja ingkang remen mancing laut. Mbok kulo kapan2 dipun jak mancing bapak2 sekalian. Kagem informasi, Kulo nembe 3 minggu meniko ajar mancing laut. Mbok nek saged mbok kulo pun ajari teknik2 ipun kagem mancing pasiran utawi karangan. Ning nggih alon2 mawon pelajarane, Lha wong kulo taksih katrok babagan mancing laut. Pun ngraosaken umpan dipun tedi ulam pun kulo dereng saged. Mbok bilih medal forum meniko sagedo kito sekalian brayat mancing ngayogyakarto saged kempal2 lan sami tukar kawruh. Mbok bilih cekap semanten atur kulo. Mugiyo kulo mbenjang saged kepanggih rencang2 FF ing Yogya.
Salam Mancing
Gendut, Kotabaru.
|